Senin, 22 Februari 2010

DUNIA TAK SELEBAR KOTA TEGAL


      Wayahe wis  rendeng,  saben dina  anane  mung udan  lan udan bae, tan  ora ana  srengenge jumedul saka langit. Biasane yen kaya kiye  wong-wong sing makarya  nang pabrik, apa maning sing ning  sawah pada wegah metu, milih ngringkel ning umah, medang poci karo mangan pacetan  pisang goreng.  Termasuk  Kang  Raisan sing sadina-dina anane mung ngringkel bae nang peturon.
      Padahal  Yu Zaenab  bojone wis saminggu kiye bengak-bengok bae,  awit jengkel weruh bojone kringkal - kringkel bae ora nyambut gawe. Lha. . . kepriben  wong  bolak-balik  Mahendra anak mbarepe  disurati gurune,  saben wulan mesti dikirime surat  tagihan SPP, LKS,  uang laboratorium, Uang Ekskul ( Ekstra kurikuler ), durung  uang buku,  uang piknik, uang pelajaran tambahan / les, uang perpustakaan,  uang  les  komputer   lan sapiturute. 
      Padahal jamane Yu Zaenab sekolah, ora ana  pungutan apa -  apa, wong mbiyen sekolah bae pada nyeker ora sepatunan. Tapi pada dadi wong gede barang wis lulus. Ora kaya jaman saiki, sekolah isine mung urunan lan urunan. Pantesan barang dadi pejabat anane mung korupsi. Lha. . . kepriben ?
      Apa maning  sing  mbontot  nganti wis wegah sekolah, sebabe sering diundang kepala sekolahe sing galake  pol  temenan, gara-gara SPP nunggak nem sasi. Terus kepriben ?, arep mbayar nganggo godong ? Apa arep utang nang rentenir sing bungane  sakandang macan. Apa enake njukut duit nang BPR bae ?. Lha  terus bayare kepriben.
       Mbuh setan apa sing ngrasuk ning ragane Yu  Zaenab, seketika itu juga ndeweke  ngugah bojone sing lagi ngorok,  kemulan sarung, ngringkel lan  loyo sebabe mau mbengi bar begadang nang pinggir kali, kumpul karo Karso sing dodol Kacang Ijo  lan  Saripan  sing  dodol  wedang  ronde.
      ” Kiye wis  awan,  sing kira- kira  o Mas !,  tangi awan ora pantes  ditonton nak – anake awake dewek “, Yu Zaenab  mbengok  nganti tanggane pada krungu.
      “ Ana apa sih Nab,  kowen  sapeneke  ngugah turune inyong,  aku esih ngantuk “  Kaya kuwe  jawabane Kang  Raisan.
      “ Kiye wis awan, ayo tangi golet pangan, kae surate gurune bocah-bocah isine mung tagihan, apa kudu mandeg  sekolahe anake dewek ? “ Yu Zaenab tambah ora sabar.
      “  La terus maring endi aku kudu nggolet duwit ”
      ”  Ya  mbuh, kuwe  urusane  sampeyan sing wong lanang ”
      ” Wis,  aku  arep minggat,  ora usah  diogoleti ”.  Ora ndadak nunggu  waktu maning  Kang Raisan  langsung  brubut  metu njaba,  ora  ndadak mlengas-mlengos maning  langsung  lunga  ninggalaken bojone sing lagi bingung.
       ”  Kang  aja  minggat, pan maring endi, Kang  !. ”  Yu Zaenab  mbengok, esuk esuk  ndadeaken   keadaane tangga-tanggane dadi pada menyat  saka pawon,  pada  ndeleng tukarane wong loro  sing lagi susah uripe.. Tapi  kacek sedelat awake Kang Maisan wios ora katon maning, kaya-kayane mlingsep nang njero bumi. Mbuh kabur kanginnan tekan endi maning.  Karuan bae Yu Minah  dadi sedih.  Padahal karepe deweke mung pan ngonkon supaya bojone kae sregep kerja ora mung ngorok terus nang omah.
      Ora suwe Yu Minah mlebu  njero  omahe lan njagong nang kursi tamu karo deleg – deleg, ora ngurusi  mbontote,   sing krungu  bapak karo ibune pada bengak – bengok tukaran mau,  dadi wedi la  nangis ora karuan tatane.
____oo___

       ” Ana  apa  dengaren  esuk – esuk wis teka mertamu nang inyong, San ! ” Kaya kuwe  omonganen Pak Bina juragan  mebel sing  paling sugih sa desane Kang Raisan., 
       ” Lha. . .kepriben kiye, uripe inyong tambah ora karuan. Wong wadon esuk-esuk wis gemboran ora duwe duit maning. Dadi inyong mrene pan njaluk pegawean, masalah bayaran gampang, Kang ! “
       “ Maning – maning kowen  kaya kuwe, wis tak wanti – wanti nyambut gawemu sing sregep, aja  semblotongan, wong kowen kan wis nduwe bojo sing kudu dinafkahe “  jawabane Bose  Kang Raisan.
       “ Ya wis, sing mbiyen – mbiyen aja diungkit ungkit maning, saiki aku weis pan tobat, ora kaya gemiyen maning. Kepriben Kang  entuk apa ora “
      “  La kiye ding dadi masalah San, aku wis dioyk oyak pelangganku, supaya pesenanane cepet  rampung. Mulane aku ngerjaaken tenaga liyane, kanggo ngganti kowen. Ya mengko gampang  yen ana pegawean maning, kowe tak undang “
       “ Ya terus kepribewn Kang,  aku selek butuh gawean “
       “ Ya coba kerja nang LIK kana, nang kana kan akeh perusahaan mebel kanggo di eksport nang luar negeri, yen inyong saiki lagi megap – megap.  Pesenan mebel  saiki tambah sepi, embuh kiyhe jaman apa San. Wis maafe bae yan San “
       “ Ya wis ora apa – apa Kang. Yen bisa aku pan nyilih duit bae, aku pan maring Malaysia dijak Non Lisa penyalur tenaga kerja. Aku arep nggoleti pegawean nang kana, kepriben pendapatmu Kang ! “.Pak Bina krungu kaya kuwe mung mesem, lan geleng geleng sirahe.
       “ San  San , kowen kan nduwe ketrampilan, gaweane kowen alus, perkara mebel jarang ngalahaken pegaweanmu. Are apa nang Malaysia, kaya kuwi bae repot !, coba ndingin golet gawean liyane, Saiki lunga Malaysia ya ora cukup 25 juta ongkose, ya  luwih apik yen biayane kanggo modal usaha mebel to San “
       “ Tapi modal samono ya ora cukup Kang “
       “ La ketrampilanmu ya wis kelebu modal to San, sing diareni modal usaha, wis saiki ora usah bingung – bingung, semenatara kiye nggoleti gawean ndingin, karo setitk-setitik ngumpulaken modal. Mengko yen kowen temenan mengko tak goletaken order cilik – cilikan “
       “ Tapi jare Non Lisa nang Malaysia akeh pegawean lan bayarare gede, Kang ! “
       “ Lha kowen wis  tahu mrana ?.  Yen jare-jare ora usah didgugu ndingin. Aja bingung San, wong Tegal kiye akeh penguripan sing disebar Gusti Allah, ora mung ning Malaysia tok. Tegal kiye kota urip, gampang kanggo usaha yen temen. Mulane jare inyong Dunia kiye karo Tegal esih jembar Tegal kanggo penguripan. Aja pus asa ndingin. Wis ngono bae ya San, aku pan nyambut gawe.Mengko gampang ketemu  maning ! “  Pak Bina terus menyat nyandak  alat alat tukang kayune.
       Kang Raisan mung meneng baer, tapi atine ngakune yen Pak Bina bener  ngomonge.  Saiki deweke twrus pamit, arep golet gawean sing temenan.  Srenegenge wis  anjog nang bun – ubune sirah, berarti dina wios awan. Mulane Kang Raisan tambah semangat  kanggo nggoleti pegawean, kanggo  nafkahi anak bojone. Sing jelas saiki wis ora nduwe niat maning merantau nang Malaysia, cukup nang Tegal bae.